Sakjodo manuk perkututing duwur tanpa sepisan pisan ngepakake sayape.Manuk sakjodo iku miber mrana mrene tanpa tujuan seng pasti,kanggo nggolek panganan lan ngombe ,wes suwe manuk sakjodo iku kangen karo sak gumblek banyu sing bening kanggo di ombe.
Nanging tiga lagek ae teko,puluhan hektar alas jati mageri alas Desa Paldaplang wes gundul.Sakjodo manuk perkutut kangelan nemokno panganan lan ngombe,alas melh dadi gersang maneka warna wit witan dadi krokot.
Angin mangsa ketiga sumilir banter bebarengan karo hawa panas saka arah kulon,wit wit jati joget joget sing ndadekno suwara kang sae,saka panggon sakjodo manuk perkutut ketok Desa Paldaplang sing lumayan gede.
Desa Paldaplang cumak dihubungno karo jalan makadam utawa biasa di arani jalan setapak dowone 10 kilometer,medane saka watu watuan sing cukup angel yen di lewati mobil.
Warga desa Paldaplag pas mangsa katiga sangat krisis banyu sing resik,amerga sumbere podo mampet,langsung warga Desa Paldaplang jupuk banyu ning tangga desa sing duweni sumber banyu sing gak tau sat masio mangsa katigo`
Ing Desa Paldaplang onok bocah bocah sing senengane angon wedos salah sawijine yaiku aku.Aku angon wedus sing paling akih ketimbaang saka kanca kancaku.
Pas minggu sore aku mlaku mlaku ra sengaja aku petuk rendi neng ratan lan aku kepikiran ngajak rendi angon wedos soale pakan wedosku wes nipis terus aku ngajak angom wedos neng cedake alas jati seng rodok akeh nemoni suket sing ijek ijo nanging ora akih.
“Ren, sok senin bar moleh sekolah ayo angon wedos ning cedak e alas jati paldaplang,gelem ra?” Takokku neng Rendi
“iyo Bim,ngko tak ngajak Huda menisan” jawab Rendi
“ iya ngajak seng akeh gak papa mben rame mben seru” jawabku
“ wong telu ae wes rame wi urung maneh wedose malah rame poll” jawab e rendi
“yo nice wi wes akeh” jawabku
“yo wesnu tak moleh disik tak mesisan ngendari Huda” takok e Rendi
“yo ndang moleh ti ati” jawab ku
“ woke seap” jawab Rendi
Aku teros ngalek saka panggonku takok takokan karo Rendi, aku langsung muleh menyang omah.Tekan omah aku gak lali ngucapno salam disik sak durunge melbu omah`
“assalamualaikum” muni ku
“waalaikumsalam” sahut e bapak saka mburi omah
Aku teros ngampiri bapak ku ning mburi omah sing lagi menehi pangan wedos teros aku ngendari apa sing tak omongno karo Rendi kimeng pas petukan.
“ bapak ,Aku kalehan Rendi badhe angon mendo teng alas jati celak e Paldaplang, angsal napa mboten?” takokku
“yo le ra papa sing penting ati ati lan di jaga wedose” sahut ebapak
“ nggeh pak” sahut ku
Gak suwe krungu adzan magrib saka arah masjid edek omahku, aku teros moro masjid karo gowo perlengkapan solat, njok masjid aku ra sengojo petuk Rendi maneh
"Ren sesuk mulih sekolah sido lo yo" omongku
"Yo yo alah,kimau jere huda wes tak kandani mulih sekolah dijak Bima angon wedus,jere cae moh keselen"Jawab Rendi
Khomat dikumandangnoterus aku mlaku moro njupuk banyu gawe wudhu terus sholat,bar sholat aku terus mlaku mulih pas teko omah aku nyepake peralatan sekolah.
Bengi soyo bengi suara manuk beluk mbaturi wengi sing cukup adem aku soyo ngantuk lan mlaku moro ing bayangku terus turu ora lali maca doa lan sholawat.
Aku tangi amarga krungu adzan subuh terus aku sholat subuh sak wis e sholat subuh aku adus lan sarapan terus aku takok ibukku.
"Buk sarapane sampun mateng?"
"Wis le,ndang imbuh sego ing dandang!"
Banjur aku njupuk piring ing rak lan njupuk lawoh ing panci terus mangan.jam taboh 06.30 banjur aku gage gagean budal sekolah.
"Buk pamit sekolah"karo salaman
"Iyo le sing pinter"
Teko sekolah aku malu KBM roh roh wayahe mulih banjur iku ora sengaja petuk Rendi.
"Ren nko tak enteni ndek ngisor wet pelem biasane ngumpul"omongku
"Siao bosku"jawab Rendi
Sak wis e tekan omah aku salin lan siap siap kanggo angon wedus banjur aku ditakoni bapak.
"Sido angon le?"pitakone bapak
"Sios pak"jawabku
"Ati ati"dawuhe bapak
"Inggih"jawabku
Aku mlaku karo nggiring wedus morowitpelembiasanekene kumpul gaksuwe aku teko lan terus di susul Rendi nok guriku karo gowo wedus sing lumayan akeh tapi akehwedusku
"Langsung gas?" Takonku ning Rendi
"Woke" Jawabe Rendi
Terus aku karo Rendi mlaku giring wedus moro alas jati nanging saka kadohan alas jati ana asap ireng pekat terus aku takon Rendi.
"Ren kae opo kok beluk e ireng banget?"
"Iyokaeana wong wongpodomatenigeni"
"Ayo ngrewangilanweduse tali kenewae"
"Ayo"
Sak tekane ning TKP aku lan Rendi ngrewangimatenigeni,gaksuwegenine mati terus enek bapak bapaktakok.
"Le sampean anakesopo?"
"Garwone Danu lanSusti"
"Garwane Suparman"
"Owalah,suwun ya le wisngrewangi!"
"Nggih pak"
"La sampean ape ning ndi?"
"Bade angon pak nangingmbotensiossoalesukete katut kobong terus bade mantuk mawon"
"Owalah ati ati le"
"Nggih"
Aku lan Rendi gaksido angon banjur mulih ning omahe dew edewe.Teka nomah aku ditakok i bapak
"Kok cepetmen le?"
"Mbotensios bapak soalekalawausuketenderek kobongan alas jati"
"La wes padam le?"
"Sampun"
Awak dewe kudu jaga alam lannglestarikakedening cara gotong royong lan kerja sama supoyoisoluwih enteng.